TUMINDAK ADHEDHASAR RASA SOKUR

“Mara, kowé sing padha binerkahan déning Rama-Ku. Kowé bakal padha ngrasakaké kanikmataning Kratoné Allah, sing wis kacawisaké wiwit dumadiné jagad..” (Injil Mateus 25 : 34)

 

Akèh panyandra kang nggambaraké lawasé wong urip ing alam ndonya sing jebul ora suwé, sanadyan sing ora suwé iku udakara bisa nganti 100 tahun lawasé. “Urip ning ndonya iki bebasan mung mampir ngombé…”, mengkono dhawuhé para pujangga sing kerep keprungu ana ing satengahing pasrawungan, malah tetembungan kuwi uga kerep dienggo piweling sajroning tembang. Miturut surasane Jabur Mazmur 90:10 umuré manungsa iku udakara mung pitung puluh tahun, yèn luwih saka kuwi anané mung karepotan lan kasangsaran. Sakrampungé “mampir” sing lawasé nganti 70–80 tahun mau, banjur bakal lumebu ana ing jaman kalanggengan, yaiku urip ana ing alam sing ora ana rampungé. Mula urip sing mung mak-nil lawase iki karan mung mampir ngombé.

Ananging, sanadyan mung sedhéla, urip iki njalari utawa dadi tetimbangan tumraping pepesthèn ing dina mengko, apa bisa nampa kamulyan saka peparingé Gusti, apa malah kablusukaké ana ing panggonan kang sarwa nggegirisi saumur-umur.

Saka ing Injil Matéus 25 : 31-45, kita kabèh padha oleh gambaran kang bakal dumadi ana ing puputing jagad kanthi tenger rawuhi Gusti Yésus Kristus kang ginambaraké lenggah ana ing dhamparing kratoné Gusti Allah. Ing wektu iku Panjenengane tumuli ngendika marang perangané wong mursid kang ndadosaké remening penggalihé jalaran ing nalika uripé ana ing alam ndonya wong-wong kuwi nindakna sabarang panggawé sing nengsemaké penggalihé Gusti Allah. Déné péranganing manungsa liyané didhawuhi sumingkir menyang geni langgeng sing wis dicawisaké kanggo Iblis lan para malaékaté!

Pasamuwan kang ditesnani Gusti Yésus Kristus.

Aja kliru ing pamawas, miturut prastawa ing ndhuwur mau kaya-kaya tumindaké manungsa nalika isih urip ing alam ndonya iki bisa njalari oleh keslametan, kaya sawetara agama sing ngegungaké laku supaya olèh keslametan. Dudu, ana ing Sang Kristus Yésus, keslametan iku ora krana laku nanging mung mujudaké kanugrahan (anugerah) kang pinangkané saka Gusti Allah piyambak jalaran kita wis padha manjing pracaya marang Gusti Yésus, Sang Putra.

Panggawé becik awujud tetulung marang sedulur liya sing lagi keluwèn utawa ngelak, awèh pemondhokan marang kadang liya sing lagi ngumbara, utawa niliki/nyambangi sing lagi nandhang lelara, iku kabèh mung mujudake srana ing ngarsané Gusti Allah diagem niti priksa apa kang njalari padha duwé krenteg nindakna sabarang panggawé becik mau. Sing dikersakaké déning Sang Raja yakuwi dudu tumindak supaya oleh pangalembana, ora tumindak sing mung arep ngunggulake dhiri, nanging tumindak kang adhedhasar raos sokur tumrap kasaénan sing wis ditampa saka Gusti Yésus, sing wis ngentasaké uripé saka panguwasané dosa temah kaparingan urip langgeng krana pracaya.

Mula kang saka iku tumraping para wong pracaya, panggawé becik kuwi tuwuh saka jroning ati resik kang kepéngin ngaturaké rasa sokur marang Sang Rajaning Kauripan. Raos sokur kang kaya mangkono iku tuwuhé ora dumadakan lan ora ujug-ujug, nanging lumantar panglaras kang tansah digegilut lan digladhi ing saben kahanan sing diprangguli ing uripé.

Mula ayo para sedulur, ing mangsa ngadhepaké rawuhé Sang Raja (advèntus) iki kita padha kaparingan wektu kanggo nggladhi lan ngasah landheping ati sing kebak raos sokur, nindakna

panggawé becik marang kadang kang lagi nandhang sangsaraning urip jalaran kahanan ing satengahing pageblug iki. Panitia Natal ing wilayah kita dhéwé-dhéwé wis wiwit nyebar wara-wara arep andum tandha-tresna kita marang sapepadha srana aksi-sosial ngedum bingkisan Natal. Becik rancangan iku bisaa kanggo nggladhi landheping rasa sokur kita kang diwujudaké kanthi nyengkuyung murih kelakoné mung konjuk ing kamulyané Gusti Allah.

Gusti Yésus mberkahi kita kabèh. Amin.